Laman

Jumat, 21 Maret 2014

Eling - eling manungso bakale mati

Eling-eling siro manungso wong urip bakale mati
Ayo podo dadi wong bhekti maring Gusti Kang moho suci
Mumpung durung katekanan malaekat juru pati
Gole tekan embuh kapan kito menungso ra bakal ngerti

Moloekat juru pati lirak lirik marang siro
Nggone nglirik angenteni dawuhe kang moho suci
Tumrap kanggo kabeh menungso gelem ra gelem bakal di gowo
Di enggoni sandangan putih yen wis budal ra biso mulih.

Tumpakane kereto jowo roda papat rupo manungso
Jujugane omah guwo tanpo bantal tanpo kloso
Omahe ra ono lawange turu ijen ra ono kancane
Di tutupi anjang- anjang diurug lan di siram kembang
Wong sing layat podo nelongso podo eling Podo rumongso
Ayo podo eling marang Gusti urip neng dunyo mesti mati.

Sumber: http://www.youtube.com/watch?v=BiiA1pfPNss

DAFTAR BLOG TER-UPDATE